Rabu, 09 Oktober 2013

Bejo Uga Nate Ora Bejo (Dening: Nandha)


Ini karya cerpen Bahasa Jawa pertamaku, teman-teman! Semoga bermanfaat ya, isi ceritanya dan buat belajar Bahasa Jawa-nya juga. :)              


          Jenenge Bejo, cah kos daerah Bugisan. Kelas 2 SMA, bapak lan ibune nyambut gawe dadi buruh tani. Urip sing pas-pasan, dinggo mbayar kost mben sasi wae angel. Saben dina, mangan sak anane tur sok-sok mung mangan sedina pisan. Uwis kawit  kelas siji SMA dheweke nyandu rokok. sedina wae isa entek nganti rong wungkus tanpa mandheg, koyo sepur ngebul.

“Uwis mangan durung, Jo?” Jare Toni, kancane Bejo.

“Durung, Ton. Duwitku wes tak nggo tuku  rokok, je.” Kanti entheng Bejo mangsuli.

“Hah? Kowe ra ngelih po? Udud thok wae wis wareg?” Toni kaget, sajak nggumun.

“Wah.. Nek aku mendhing luwe tinimbang ora ngrokok, Ton.” 

                        Meh saben dina duwik sepuluh ewu, kepara luwih, diobong seka rong wungkus rokok. Wis kena dimestekake, ora ono paedahe kanggo Bejo. Sepisan ora apik kanggo kesehatane, bab liya urusan mangane Bejo uga dadi ora karuan. Saben dina malah njur mung trima ngalahi mangan mi instan.

            Nalika bel muni tandha bubar sekolah, Bejo gage metu seko kelas karo kesusu pengin ndang tekan kos-kosan. Sak uwise tekan kamar kos, Bejo langsung nyumet rokok meneh lan meneh, sambung terus tanpa mandheg nganti entek sewungkus.

            Seprono suwene wong tuwane Bejo ora ngerti padatan anyar anake. Saben wong tuwane telpon ngelingake supaya njaga kesehatan, wangsulane mung iya-iyo wae. Paribasan mlebu kuping kiwo, metu kuping tengen.

             “Le, ojo lali njaga kesehatan awakmu. Ojo kakehan dolan, mengko mundak kekeselen. Mangan sing  ajeg, ojo nganti telat-telat. Duwite dinggo sing penting-penting wae. Ojo dinggo sing aneh-aneh.  ”
“Inggih, bu. Sampun nggih, bu. Kula sampun ngantuk, je. ” wangsulane Bejo. Senajan ora ngantuk nanging sengaja ben mandheg olehe telpon.

              Dina Jumat, Bejo semaput nang lapangan sekolahan nalika melu pelajaran olahraga. Kanca-kancane bebarengan nggotong Bejo munggah becak pinuju UGD rumah sakit cedhak sekolah. Kanca-kancane padha prihatin lan kuwatir marang kahanane Bejo. Luwih-luwih si Toni, sing mung isa wira-wiri nang ngarep lawang UGD nunggu metune dokter sing nangani Bejo.

            “Kados pundi pak dokter, Bejo kenging menapa?” pitakonane Toni marang pak dokter sing nembe           wae metu seko ruang UGD.

            “Endi pak gurumu, tak matur kahanane Bejo karo sisan klumpukna kancamu ben padha ngerti pentinge njaga kesehatan.”  Wangsulane pak dokter kanti mlaku mbarengi Toni pinuju ruang tunggu rumah sakit.

            Nalika pak dokter ketemu karo pak guru lan kanca-kancane Bejo, banjur diterangake masalah medis sing diadepi Bejo nganti njalari kahanan sing nyebabake semaput dina iku. Ditambahi katrangan saka Toni ngenani babagan padatan Bejo yaiku ngrokok, sanalika pak dokter isa nglengkapi diagnosane lan uga dadi pengetan kanggo Bejo lan sakancane dene anane Bejo semaput jalaran nglakoni olahraga tanpa sarapan. Bab liya, kondisi kesehatan Bejo sing kulina mangan mi instan lan ngrokok luwih akeh bahayane tinimbang manfaate.

            Saka kedadean kuwi mau kabeh, banjur dadi pengetan kanggone Bejo lan kanca-kancane. Nalika mlebu sekolah sak uwise prei unggah-unggahan, Bejo sing katon luwih seger lan lemu dadi luwih seneng jajan panganan sehat lan uwis ora ngrokok maneh.