Ini
karya cerpen Bahasa Jawa pertamaku, teman-teman! Semoga bermanfaat ya,
isi ceritanya dan buat belajar Bahasa Jawa-nya juga. :)
Jenenge Bejo, cah kos daerah
Bugisan. Kelas 2 SMA, bapak lan ibune nyambut gawe dadi buruh tani. Urip sing
pas-pasan, dinggo mbayar kost mben sasi wae angel. Saben dina, mangan sak anane
tur sok-sok mung mangan sedina pisan. Uwis kawit kelas siji SMA dheweke nyandu rokok. sedina wae
isa entek nganti rong wungkus tanpa mandheg, koyo sepur ngebul.
“Uwis mangan durung, Jo?” Jare Toni, kancane
Bejo.
“Durung, Ton. Duwitku wes tak nggo tuku
rokok, je.” Kanti entheng Bejo mangsuli.
“Hah? Kowe ra ngelih po? Udud thok
wae wis wareg?” Toni kaget, sajak nggumun.
“Wah.. Nek aku mendhing luwe
tinimbang ora ngrokok, Ton.”
Meh
saben dina duwik sepuluh ewu, kepara luwih, diobong seka rong wungkus rokok.
Wis kena dimestekake, ora ono paedahe kanggo Bejo. Sepisan ora apik kanggo
kesehatane, bab liya urusan mangane Bejo uga dadi ora karuan. Saben dina malah
njur mung trima ngalahi mangan mi instan.
Nalika
bel muni tandha bubar sekolah, Bejo gage metu seko kelas karo kesusu pengin
ndang tekan kos-kosan. Sak uwise tekan kamar kos, Bejo langsung nyumet rokok meneh
lan meneh, sambung terus tanpa mandheg nganti entek sewungkus.
Seprono
suwene wong tuwane Bejo ora ngerti padatan anyar anake. Saben wong tuwane
telpon ngelingake supaya njaga kesehatan, wangsulane mung iya-iyo wae.
Paribasan mlebu kuping kiwo, metu kuping tengen.
“Le, ojo lali njaga kesehatan
awakmu. Ojo kakehan dolan, mengko mundak kekeselen. Mangan sing ajeg, ojo nganti telat-telat. Duwite dinggo
sing penting-penting wae. Ojo dinggo sing aneh-aneh. ”
“Inggih, bu. Sampun nggih, bu. Kula
sampun ngantuk, je. ” wangsulane Bejo. Senajan ora ngantuk nanging sengaja ben
mandheg olehe telpon.
Dina Jumat, Bejo semaput nang
lapangan sekolahan nalika melu pelajaran olahraga. Kanca-kancane bebarengan
nggotong Bejo munggah becak pinuju UGD rumah sakit cedhak sekolah. Kanca-kancane
padha prihatin lan kuwatir marang kahanane Bejo. Luwih-luwih si Toni, sing mung
isa wira-wiri nang ngarep lawang UGD nunggu metune dokter sing nangani Bejo.
“Kados
pundi pak dokter, Bejo kenging menapa?” pitakonane Toni marang pak dokter sing
nembe wae metu seko ruang UGD.
“Endi
pak gurumu, tak matur kahanane Bejo karo sisan klumpukna kancamu ben padha
ngerti pentinge njaga kesehatan.”
Wangsulane pak dokter kanti mlaku mbarengi Toni pinuju ruang tunggu
rumah sakit.
Nalika
pak dokter ketemu karo pak guru lan kanca-kancane Bejo, banjur diterangake
masalah medis sing diadepi Bejo nganti njalari kahanan sing nyebabake semaput
dina iku. Ditambahi katrangan saka Toni ngenani babagan padatan Bejo yaiku
ngrokok, sanalika pak dokter isa nglengkapi diagnosane lan uga dadi pengetan
kanggo Bejo lan sakancane dene anane Bejo semaput jalaran nglakoni olahraga
tanpa sarapan. Bab liya, kondisi kesehatan Bejo sing kulina mangan mi instan
lan ngrokok luwih akeh bahayane tinimbang manfaate.